Tembung Entar
Entar tegese silih utawa ampil. Tembung entar yaiku tembung-tembung
sing duweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan utawa ungkapan).
Umpamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar yen tegese lugu.
Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake dhengkul mau nyilih
tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan yaiku bodho banget.
Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge
Dasanama
Dasanama iku saka tembung “dasa” karo “nama”. Dasa tegese sepuluh, dene nama tegese
nama utawa aran. Dasanama tegese jeneng nganti sepuluh cacahe, sanajan kurang
saka sepuluh uga diarani dasanama.
Tuladha:
Kethek = wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
Banyu = warih, her, tirta, we, ranu
Ilang = nir, musna, sirna, mendra
Geni = agni, brama, latu, pawaka, dahana
Buta = reseksa, danawa, danuja, ditya, asura, diyu, kelana, wil
Kalah = kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar